Kota Kecil Temanggung

make Temanggung so Beautiful

2012 warsa enggal

Posted by temanggung1 pada Januari 8, 2012

sugeng warsa enggal kagem sedaya tiyang ing kitha temanggung. Monggo taun menika di pun isi kagiatan ingkang sae, sumonggo,

Ditulis dalam Tak terkategori | Tinggalkan sebuah Komentar »

foto sak sampunipun di rusak kaliyan massa

Posted by temanggung1 pada September 8, 2011

foto temanggung

Ditulis dalam Awal hari | Tinggalkan sebuah Komentar »

Idul Fitri 2011

Posted by temanggung1 pada September 8, 2011

sampun ndagu mboten posting, kula ngaturaken Idul Fitri 2011 kagem sedaya ingkang ngriyayaaken dinten riyaya punika, mugi sedaya paring pangapura kagem kita ingkang sampun ngadahi dosa wektu setahun kepengker, nuhun.

Ditulis dalam Tak terkategori | Tinggalkan sebuah Komentar »

Temanggung Bersenyum tetep eling lan waspada

Posted by temanggung1 pada Februari 12, 2011

Dinten Selasa ingkang kepengker, ing tlatah Temanggung wonten ingkang damel kerusuhan tiyang saking jawi Temanggung.
Wonten kenapa nggih? Wonten ingkang ngendika amargi wonten penistaan sedaya agami (Kristen, Katolik, Islam lan liyane) kita sami-sami nyuwun Gusti mugi-mugi Temanggung saget ayem tentrem malih, sedaya masyarakat inget sami Gusti ingkang Satunggil.

Ditulis dalam Awal hari | Tinggalkan sebuah Komentar »

Pepadhang sumunar ing pepeteng tumrap wong jujur, mlati, 06022010

Posted by temanggung1 pada Februari 7, 2011

Kidung Panglimbang:

Pepadhang sumunar ing pepeteng tumrap wong jujur

1. Pepadhang sumunar ing pepeteng tumrap wong jujur, sing ambek asih, ambek welas lan adil. Begja wong sing ambek welas lan seneng nyilihi, sing nindakake ayahane ing sabene.

2. Wong jujur salawase atine ora miyar-miyur, lan bakal dieling-eling ing salawase; ora bakal ngedhap karo tekane kabar bilahi, atine tataq, imane teguh marang Pangeran.

3. Atine tataq, ora sumelang, tumindake blaba, wong miskin diwenehi dana kajujurane tetep ing salawase, kasuwure mundhak-mundhak bareng karo kamulyane.

Ditulis dalam kidung panglimbang | Tinggalkan sebuah Komentar »

Pangeran Mberkahi, 09 Januari 2011, greja pagi Mlati

Posted by temanggung1 pada Februari 5, 2011

Kidung Panglimbang : Pangeran mberkahi umat Dalem mawa katentreman;

1. Para putraning Allah, unjukna marang Pangeran, unjukna marang Pangeran kamulyaning Asma Dalem, sujuda marang Pangeran ana ing padaleman Dalem.

2. Swanten Dalem Pangeran ngambah sadhuwuring banyu. Pangeran ngacaki banyu kang megung. Swanten Dalem Pangeran penuh kekuwatan. Swanten Dalem Pangeran ngedab-edabi.

3. Gusti Allahing kamulyan gumludhug, lan ana ing padaleman Dalem umat nguwuh, “Mulya!” Pangeran sinewaka ing sadhuwuring banyu, Pangeran sinewaka jumuneng Nata ing salawase.

Ditulis dalam kidung panglimbang | Tinggalkan sebuah Komentar »

Kawula ngakeni

Posted by temanggung1 pada Januari 14, 2011

Kawula ngakeni, ingarsaning Allah ingkang Mahakuwasa, tuwin para sadherek
sedaya, bilih kawula sampun nglampahi dosa srana gagasan, tetembungan,
tindak-tanduk, tuwin margi nglirwakaken kewajiban, awit saking lepat kawula
saking lepat kawula, saking ngenging lepat kawula Pramila kula nyuwun
ingarsaning Ibu Kenya Maria, para malaekat tuwin para suci, sarta para
sedherek sadaya karsaa nyenyuwunaken ingarsaning Allah,
Pangeran kawula, Amin

Ditulis dalam di kala senja | Tinggalkan sebuah Komentar »

Kidung Panglimbang 6 Juni 2010

Posted by temanggung1 pada Juni 8, 2010

Kowe iku imam ing salanggenge miturut pranatan Melkisedhek

Pangeran ngandika marang Gustiku, “ Lenggaha ing satengenKu, mungsuh-mungsuhmu bakal Dakdadekake bancike sikilmu

Saka Sion Pangeran bakal maringake teken keprabon; jumeneng Nata nguwasani mungsuh-mungsuhmu

Panguwasa wus koasta ing dinaning miyosmu kinantheng sunaring kasucian, wiwit ing guwa garba, durunge katon lintang rina

Ditulis dalam kidung panglimbang | Tinggalkan sebuah Komentar »

“NDHUDHAH MUTIARA WARISAN LELUHUR JAWA KANGGO PITUTUR NGGAYUH BUDI PAKARTI LUHUR”

Posted by temanggung1 pada Juni 8, 2010

“NDHUDHAH MUTIARA WARISAN LELUHUR JAWA KANGGO PITUTUR NGGAYUH BUDI PAKARTI LUHUR”

JAWA PRASAJA LAN LEGAWA (7 PERKARA DAN 3 PERKARA)

SAPTA PRASAJA

  1. DATAN KENA CIDRA ING JANJI

Uwong kang dhemen cidra, ateges memalangi dalane ‘ dhewe, nyumpet rejekine’ dhewe’

  1. DATAN KENA MELIK INGKANG DUDU  DARBEKE

    Uwong kang dhemen melik ingkang dudu darbeke eteges duwe’ watak angkara budi candhala

    1. LAMUN SALAH KANDHAKNA SALAH YEN BENER KANDHAKAN BENER

    Aja nganti dhandang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandang, wiwit jaman kuna tumekaning kiamat, yen dhandang ulese’ ireng yen kuntul ulese’ putih

    1. AJA DUMUK

    Uwong kang dhemen umuk bakal nyilakake’ awake’ dhewe, candrane’ buta cakil perang karo janaka, kerise loro wusanane’ tumama marang wadhuke dhewe

    1. DADI UWONG SING WEDI ISIN

    Uwong kang ora ngerti isin tegese wong mblubut, mburok, candrane’ buta terong irunge’ mlenthung nutupi raine

    1. AJA MERI

    Uwong kang dhemen meri, wusanane’ dadi drengki, srehi lan dadi fitnah

    1. AJA NGLAKONI MALIMA

    Uwong kang dhemen malima, wusanane’ dadi goroh, slingkuh,clemer lan tegel

    TRI LEGAWA

    1. AJA GETUN LAMUN KELANGAN

    Eling menawa bandha arta iku mung titipan, drajat-pangkat mung sampiran, nyawa mung gadhuhan

    1. AJA SERIK LAMUN DIGAWE SERIK

    Yen digawe serik balesen kabecikan, bakal menang tanpa ngasoraken

    1. LAMUN KENA PANANDHANG PASRAHNA KANG MAHA KUWASA

    Aja pisan-pisan ngundhamana kang gawe’ urip, nanging nyuwuna pituduh, pitulungan sarta kekuatan lahir batin

    1 Suro 2012

    Ditulis dalam 1 | Tinggalkan sebuah Komentar »

    KIDUNG PANGLIMBANG 30 MEI 2010

    Posted by temanggung1 pada Juni 3, 2010

    Gusti pangeran kawula tuhu ngerameramaken Asma Dalem ing saindhenging bawana.

    Yen kawula ny awang langit karyaning asta Dalem, lintang rembulan ingkang dipun pasang, punapa ta manungsa punika dene dipun penggalih ? Punapa ta manungsa punika dene dipun reksa?

    Titah ingkang langkung asor tinimbang Allah, dipun makuthani kaluhuran tuwin pakurmatan, dipun pasrahi karyaning asta Dalem, ngantos sadaya titah mangestu pada.

    Sedaya menda lan sakathahing rajakaya, tuwin sato kawan ing ara-ara, peksi ing awang-awang lan ulem ing toya, ingkang ngambah telenging samodra.

    Ditulis dalam kidung panglimbang | Tinggalkan sebuah Komentar »

     
    Ikuti

    Get every new post delivered to your Inbox.